GUYONAN PUNAKAWAN

GUYONAN PUNAKAWAN

Limang Dina Mlebu Sekolah

Kadingaren dina iki pasuryane Semar katon sumringah ngluwihi dina-dina kepungkur. Wektu samono Semar rengeng-rengeng sinambi mlaku –mlaku turut pekarangan padhepokan. Weruh kahanan mengkono Gareng age-age nyedhaki lan ora sranta takon marang Semar ya ramane.

punakawan_by_wiyono-d4ajsi0

Gareng                 : Ma.. rama Semar…

Semar                   : E eh… apa thole Gareng….

Gareng                 : Ma, Kok kadingaren sampeyan esuk-esuk wis wungu terus mlaku-

mlaku sambi  rengeng-rengeng kuwi bar ngimpi apa .. heh Ma?

Semar                   : We.. lha dalah ..bocah kurang ajar karo bapakne kok nyangklak kowe

njaluk tak kudang sewengi muput apa piye Gareng!

Gareng                 : Ora.. ora Ma, ya merga lagi dina iki aku meruhi sampeyan katon

gumbira..

Semar                   : Wong edan! Gumbira kuwi tembung apa? Heh .. bocah ra nggenah…

Gareng                 : Lha gembira ngono kuwi rak basa Jawane Gumbira…

Semar                   : Wis.. wis, renea yen kowe kepengin ketularan gumbira..

Gareng                 : allah… ndekna tiru..tiru Ma..Ma.. ( Gareng mara nyedhaki Semar)

Semar                   : Tak kandhani ya Tole Gareng aku mono ora bubar ngimpi lan liya –

liyane nanging aku bubar nampa dhawuh saka Bendaramu ya Raden                                    Janaka menawa  mengko sore awake dhewe, hmm..  entuk dhawuh                                        nderekke lelana brata…

Gareng                 : Ow … alah mo…mo.. wong dikon ndherekke lelono broto wae kok

seneng. Apa  kurang olehe awake dhewe iki dikroyok buta, dienggo                                         gulang-gulang kewan galak wono?

Semar                   : Ora ngono Thole, lellono brata wektu iki beda karo biasane.

Gareng                 : lire piye ma, kok beda?

Semar                   : biasane rak awake dhewe kuwi kudu nderekke ing seminggu ana 6

dina ta ,   thole…

Gareng                 : Lha terus yen saiki Ma?

Semar                   : Saiki ing seminggu mung 5 dina thole…

Gareng                 : Oooo ngono ta … terus saiki preine seminggu dadi 2 dina ya ma?

Semar                   : Iya thole.. nanging ya tetep dietungke jam kerjane supaya ing limang

dina kuw ya padha karo yen nem dina.

Gareng                 : O .. mulane sampeyan gumbira ya Ma.

Semar                   : Iya thole Gareng. Muga owah-owahan iki isa mahanani kabecikan ing

sakabehe

Gareng                  : Amin… Mo… Amin…

Gareng                  : Amin Ma, Amin….

Diterbitkan oleh padamara88

Berusaha hidup dengan mensyukuri semua karunia Nya

Tinggalkan komentar